.quickedit{ display:none; }
@budikazmat. Diberdayakan oleh Blogger.

Gemblong


Gemblong iku salah siji jenising panganan cilik utawa kudhapan. Jenising gemblong akèh banget. Ana sing digawé saka téla pohung, lan saka beras ketan.
Gemblong akèh ditemokaké ing tlatah Jawa Tengah, Jawa Wetan, Ngayogyakarta lan Jawa Kulon. Ana uga papan kang ngarani gemblong iku jadah utawa tetel. Ing tlatah Jawa Kulon.
Gemblong saka beras ketan biasa dibakar lan dipangan nganggo sambel oncom. Saliyané kuwi gemblong uga didol arupa panganan awujug bunder lonjong sing diblebet gula.
Gemblong biasané paling énak yèn diwur-wuri parutan klapa lan dipangan ing wanci ésuk karo dikancani tèh utawa kopi anget, sinambi maca koran. Ing karang padésan Jawa Tengah, gemblong minangka salah siji panganan utawa jajan pasar sing kerep dituku kanggo ngirim sarapan wong tandur pari, matun utawa mluku lan nggaru ing sawah.
Resep 
Resepe Gemblong yaiku:
  • 200 gram glepung ketan
  • 100 ml banyu santen umup
  • tepung sagu 2 sendhok mangan
  • banyu kapur sirih 2 sendhok teh
  • klapa parut 1/2
  • uyah 1 sendhok teh
Resep Bahan Gula Salut Gemblong :
  • 150 gram gula abang
  • 75 gram gula pasir
  • 50 ml banyu
Carane Masak Gemblong :
  1. Kabeh bahan mau dicampur, diulet sinambi diwenehi santen anget sithik-sithik, nagnti isa dibentuk bunder kaya endhog, rada pipih.
  2. Digoreng nganggo lenga nganti wernane rada soklat, banjur ditiriske.
  3. Gula salut : digodhog nganti umup, kenthel, lan ana busane. Geni dicilike, gemblong dilebokke, diudhek nganti rata kecampur gula.
  4. banjur diadhemke, siap dipangan.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...

Followers